Saturday 5 December 2015

Cangkriman

CANGKRIMAN
Cangkriman iku unen – unen sing kudu dibedhek. Ana tembung wantahan, ana sing ngemu surasa pepindhan utawa mirib – miriban. Lan cangkriman sing ngemu blenderan.
Cangkriman sing tembung wantahan
1.       Wiwate, lesbadhonge = uwi dawa uwite, tales amba godhonge
2.       Pakbomba = tapak kebo amba
3.       Paklawa = tapak ula dawa
4.       Pakpiut = tapak sapi ciut
5.       Pindhang = sapi mbandhang
6.       Kileng = kaki mentheleng
7.       Segara mbeldhes = sega pera sambel pedhes
8.       Burnas kopen = bubur panas kokopen
9.       Pakboletus = tepak kebo lelene satus
Cangkriman kang ngemu surasa irib – iriban
1.       Sega sakepel dirubung tinggi = salak
2.       Pitik walik saba kebon = nanas
3.       Gajah nguntal sangkrah = luweng
4.       Emboke dielus – elus, anake diidak – idak = andha
5.       Sawah rong kedhok, galengane sithok = godhong gedhang
6.       Ora dagang ora layar, sandhangane murub mubyar = konang
7.       Dileboke malah metu = benik
8.       Awake dipenyet, sirahe murup = senter
9.       Ora mudhun mudhun yen ora nggawa mrica sekanthong = kates
10.   Lawa lima kalong telu dadi piro? wolu
Cangkriman kang ngemu surasa belnderan
1.       Wong wudunen iku sugih pari. Tembung pari karepe paringisan
2.       We lha, ora idhepisin, cah gedhe kok ngguyu tuwa. Ngguyu tuwa = nangis
3.       Wah wingi pasar ana geger – gegeran, wong adol pitik padha disrimpungi,
4.       wong adol krambil dikepruki,
5.       wong adol tempe diwudani,
6.       wong adol mbako diambungi
7.       Wingi aku sowan pak guru mung disuguh anggur, bareng sowan pak mantri disuguh anggur cap jenggot
8.       Kowe apa ora tilik pak drana, dheweke wis angguk – angguk kubur.
9.       Wah sarija wis wiwit kluruk
10.   Hara sapa sing gelem ngukuri ratan dakopahi sewu
Cangkriman kang sinawung tembang
                          Pocung
Bapak pocung dudu watu dudu gunung
Sangkane ing sabrang
Ngon – ingone sang bupati
Yen lumapah si pucung lembeyen grana

Bapak pucung dudu mega dudu mendhung
Dawa kaya ula
Ancik ancik wesi miring
Lunga teka si pucung ngumbar suwara



No comments:

Post a Comment